04 November 2010

Belgia i'm Fall in Love


Dina jemuwah, tangiku gasik ngarepake adzan shubuh. Sawise nglempit rukuh lan sajadah aku metu ngadeg ing plataran Home Stay. Ah,ana wit mlinjo tile pating grantung. Pancen bener informasi kang dak download wingi,menawa Belgia alame meh padha kaya Indonesia.
Sajrone telung taun aku sinau ing Hamburg,menawa mangan pelem jarene impor saka Belgia. Mangan apel ijo kang dakkira saka Malang,jebul uga saka kene,nganti kangkung kang daktuku ing Asia Supermarket,kang dakarani saka Indonesia uga saka tanah Belgia.
"Negara agraris paling cedhak saka Hamburg ki mung Belgia Win "Helen kancaku putrane Duta Besar Indonesia tumrap Jerman,ngandhani.

"Ning kok rasane persis saka Jogja ya Hel" wangsulanku sinambi ngremus peyek kacang kang lagi wae daktuku. Sakwadhah regane limang Euro,pitung puluh lima ewu rupiah, isine limang iji. Kamangka nek nang desaku peyek sakwadhah nggone Bu Widarna kae regane mung limang ewu rupiah,isine sepuluh.
Telung dina iki tekan suk minggu aku sakanca mahasiswa Indonesia oleh kalodhangan nggunakake fasilitas kampus dolan menyang Belgia. Numpak pesawat mung rong jam saka Frankfrut. Sakjane menawa ditari ngono aku milih bali prei sawetara ing Jogja. Nanging wektune ora cukup. Taun wingi wae penerbanganku saka Jakart
a tekan Frankfurt 40 jam, amarga transit ing Bangkok rong jam ,ing Dubai patang jam.
Ah.aku ngundha napas. Paling ora aku bisa nambani rasa kangen marang desa,kanthi nyawang kahanan padesan ing kene. Ana wit krambil,blarake ngawe-awe kaya kang jejer-jejer ing pinggiring desaku. Ana wit waluh ngglolor..wohe pating srimpung kaya ing sawah lor Nagung.
"Oi,Wining! Kae lho ana bebek galo nek arep angon!"keprungu pambengoke wong lanang. Aku noleh Widagda seniorku sing paleng nakal,senengane moyo
ki lan ngganggu.
Aku ora wangsulan. Pancen wiwit mlebu kuliah aku wis ora senengweruh solah tingkahe. Kaya wong Landa.
" Nek arep ngumbahi neng kali kana kae lho Mbakyu" Cah mbeling iku liwat ngarepku karo nyekakak. Rambute kang modhel tentara iku ora jumbuh karo tumindake kang ora ngerti tertib lan suba sita.
"Ora rep neng kali,ndak ana Jaka Tarub kurang gawean!" wangsulanku sakgeleme.
Mandheg.Widagda ngematke aku.
Adhuh tajem.Aku kang mau wis nggawa genter sogrok pelem arep dakgebukake,ora sida.
Ora pisan pindho bocah kang ora ngerti jawa iku ngganggu aku. Adate aku mung ethok-ethok ra krungu,dakenengke wae. Mulane bareng dakweneni dheweke katon kaget.

Sawise kegiatan sedino mruput,rombonganku nglumpuk ing pendhapa wengi iku. Arep nganakake kembul bujana andrawina sisan karo meeting.
"Rasah mangan steak lan burger,ndak keselak growol wae nganggo srundeng!" mak bedhungus.Widagda ing sandhingku.
Aku noleh wae ora.Weruh glibete mono aku wis alergi.
Ing pirembugan iku diputuske menawa bakal dianakake lomba arung jeram per angkatan. Aku lan Helen kebageyan seksi obat-obatan.
"Nek nambani nganggo yodium ora nganggo tlutuh jarak"Widagda mgloyor lunga karo ninggal omongan nylekit.
Atiku mbedhedeng tenan.Juengkel...wis pol. "Kebangeten over acting"panggrundelku.
"Kowe ki ya ra tanggap...wiwit anyaran rak arep pedekate ta..Wining.."mesam -mesem Helen nyawang aku.
"eee...Hel aku ora rep oleh wong Landa"dak gebug Helen nganggo guling.
"Landa apa?mbantul hee..hee" Helen nyekikik.
"Patrap tumindak omongan gayane ora njawani...nyebai!" aku gawe kesimpulan,njur turu,ora dak gagas blas.

Esuke srengenge sumunar anget.Dakcangklong tas obat-obatan minangka kalengkapaning tugasku. Rombonganku rong bis tumuju kali gedhe kang deres iline,papaning arung jeram. Gumyak seneng rada tegang sapa kang bakal menang.
Lakuning tandhingan ora beda karo pitulasan Agustus ing kampung. Keplok-keplok sorak-sorak menehi semangat kang dijagokake.
"Win ana kacilakan!" Helen mlayu marani aku.
"Boate Widagda njempalik. Dheweke parah ayo!" Helen nggeret tanganku kang wegah menyat. Tekan papan kag rubung-rubung dakpiyak Widagda gumlethak ing lemah semaput,godres getih. Aku nyedhak,bathuke tatu...grtihr ngucur.Lengen ndhuwur mluwek amba daginge meh metu. Dhengkule bundas-bundas celana panjange suwek. Dakgeget lambeku kelingan tumindake Widagda marang aku. Dak ampet napasku kelingan perihing rasaku. Sak menit aku kudu ambil sikap,nulung apa lunga...nyawa apa rasa.
Jiwa kamanungsaku gumregah dak sisihke sengit gethingku. Njupuk kassa lan pinset,povidon iodin,plester lan gunting. Perdarahan iki kudu ditahan kanthi nablek tatu. Nanging nutup tatu kudu resik luwih dhisik. Dakcedhaki Widagda dakresiki tatune wedhi lan pecahane karang kang tumemplek ing tatu dak jupuki kanthi premati supaya ora infeksi. Banjur dak tutup nganggo kassa steril kang diwenehi povidon iodin. Widagda njengkerut eling. Sambate lirih panyawange memelas. Aku terus ibut ngupakara tatu ing lengen kang terus ngetokake getih. Blue jins ku dadi ungu warnane kecampur getih. Goresan karang kang landhep njalari tatune jero,durung krikil cilik-cilik lan wedhi kang banjur mlebu ing suwekan daging iku. "Win,aku ra tegele terusna ya"Helen,anak priyayi iku pucet. Aku manthuk.
Dakjupuk pembalut gulung kanggo naleni lapisan kassa steril ing lengen,supaya kenceng lan ora mlotrok,amarga bisa salah kedaden perdarahane maneh. "Wining thank ya forgive me" Widagda omong lirih.
"Cara landa".batinku.Aku njupuk kapas lan alkohol.Dak kompres lan dakresiki tatu ing dhengkul. Mung luka lecet,ora mbebayani nanging perih. "Win"Widagda nyandhak tanganku. Mandheg anggonku nyambut gawe. Aku njalok pangapura suer nyuwun pangapunten" Widagda mandeg tajem...tanganku digegem. Aku ora bisa wangsulan.Mung mesem. Ora ngira ing week end taun anyar iki ana cuilan ing ati ksng tumiba ing Belgia.I'm fall in love.

dening : indrati sayuto
(mendhung tumlawung ing suralaya,januari 2010)

0 komentar :

Posting Komentar

© Semua Tentang Dunia , AllRightsReserved.

Designed by ScreenWritersArena